Sabtu, 11 Januari 2014

SABDA ALAM




SABDA ALAM
CIPTANING : JUMAT WAGE, 12 REJEB TAHUN SABTU LEGI, 16-12-1994 (Nomer 1 - 8)
CIPTANING : REBO LEGI, 12 BESAR TAHUN SENIN KLIWON, 24-10-2012 (Nomer 9)

ORA GAMPANG WONG URIP ONO ING NGALAM DONYA

1. ORA GAMPANG
Sak kabehing pegawean iku nggowo resiko

2. GAMPANG
Aja sok nggampangake lan maido yen durung bisa anglakoni

3. UWONG
Papak ora podho, dhewe kulit seje anggit
Manungso wajib ikhtiar lan usaha
Jalmo tan keno kiniro

4. URIP
Iku ora langgeng, biso owah lan gingsir koyo cokro penggilingan

5. ONO
Iku katon ujude, bakal bali sampurno menyang ajale dhewe-dhewe

6. ING
Ing ngendi dununge bathine ati lan karep

7. NGALAM
Ngalam donya, alam barzah, alam ghaib, alam lelembut

8. DONYA
Donya iku ora gampang yen durung ketemu dalane
Tumekaning bondho lan donya iku nganggo wayah umur
Ojo bungah yen lagi nemu bejo, kang jalari biso keturutan karepe
Ojo susah yen lagi ono sengkolo kang maneko warno asale
Manungso ora ngerti sangkan paraning dumadi
Bejo lan ciloko sak wanci bakal nekani menungso
Derajad, pangkat, bondho donya lan nyowo
Iku biso bali sampurno menyang ajale dhewe-dhewe

9. AKU WIS TUMEKO TITI WANCINE TINIMBALAN MARANG GUSTI PANGERANKU ONO ING ALAM LANGGENG
      Ragaku minongko petilasane nyowo lan sukmo sejati.
      Aku wis madhep lan manembah marang Gusti Pangeranku.
      Yo iku Gusti Allah Ta Ala ingkang Moho Kuoso.
     Kulo nyuwun pangapuro dhumateng panjenengan sedoyo ingkang gesang wonten alam donya.
 

view

Pengikut

Isi Buku Tamu


ShoutMix chat widget